Minggu, 13 Mei 2012

Bawang Merah lan Bawang Putih


Bawang Merah
lan
Bawang Putih
Ing dusun wonten ibu kaliyan loro anake sing namine Bawang merah lan Bawang Putih. Bawang Merah niku putri kandung lan Bawang Putih niku putri tiri. Bawang Merah niku mboten sregep, penggaweane mung dandan mawon. Nanging Bawang Putih mesthi didukani, dikengken ngresiki omah, diperintah-perintah lan didadekna kaya pembantu. Saben esuk Bawang Putih dikengken ngumbah klambi ing kali.

Ibu                        :  Bawang Putih…….! Cepetan umbahen klambine!
Bawang Merah   :  Iyo…! Cepetan aja meles-males!
Bawang Putih    :  Inggih, Bu…

            Amargi atine Bawang Putih apik, wonten ulam mas sakti, sing saben dina ngrencangi Bawang Putih ngumbah klambi. Wektu Bawang Putih nyelupake klambi ing banyu, klambi iku langsung resik.
            Mirsani penggawean sing abot saged cepet rampung, Ibu tiri lan Bawang Merah dados mboten percados kaliyan Bawang Putih.

Ibu                        :  Lho, Bawang Putih kok cepet ya umbah-umbahe.
Bawang Merah   :  Iya, mengko pas dheweke nduwe sihir.
Ibu                        :  Wis ngene wae, mene meluo Bawang Putih ing mburine.
Bawang Merah   :  Ya, ya, ya, Bu…
           
Mbenjenge, Bawang Merah melu ing wingkinge Bawang Putih wektu dheweke mboten ngertos.


Bawang Merah lan Bawang Putih (Barah lan Batih)/1
Bawang Merah   :  Oh… tibake Bawang Putih iku diewangi karo iwak mas sakti ta. Aku duwe akal, aku kudu bisa njupuk iwak iku.

            Wektu bawang Putih sampun wangsul, Bawang Merah mendhet ulam mas sakti niku.

Bawang Merah   :  Lho, lho, lho, lho, arep nang ngendi kowe, wak! Mreneo ta! Lha, kowe saiki wis ora bisa mlayu teko aku.

Bawang Merah mbeto ulam niku ing ngriya lan dheweke matur marang Ibune yen sing ngrencangi Bawang Putih niku ulam mas sakti

Bawang Merah   :  Bu, tibake sing ngewangi Bawang Putih iku iwak mas sakti. Iki lho aku wis njupuk iwake.
Ibu                        :  O… ya wis. Kowe pancen arek pinter. Saiki ayo dimasak ta?
Bawang Merah   :  Ya, Bu ayo cepetan..!

Sawise ulam niku dimasak, Ibune lan Bawang Merah nyuguhaken ulam mas niku ten Bawang putih lan pura-pura apik kaliyan Bawang Putih.

Ibu                        :  Bawang Putih, iki lho iwak mas goreng gawe awakmu.
Bawang Merah   :  Iya, iki enak iki! Panganen!
Bawang Putih    :  Leres ta Bu niki damel kula?
Ibu                        :  Iya, iki gawe awakmu.
Bawang Merah   :  Wis ta, cepetan di pangan, enthekno wae.
Bawang Putih    :  Matur suwun nggih, Bu..

            Sawise Bawang Putih nelasaken iwak mas sakti iku Bawang Merah lan Ibu ngomong male.

Bawang Merah lan Bawang Putih (Barah lan Batih)/2
Bawang Merah   :  Enak ya?
Bawang Putih    :  Iya enak banget.
Ibu                        :  Ya mesthi enak… iki kan iwak mas sakti.
Bawang Merah   :  Kowe iki pancen jahat ya… moso kanca dhewe di pangan.
Bawang Putih    :  Ibu, Mbak… Niki mboten temenan ta?
Bawang Merah   :  Nggak ana sing nggak mungkin gawe awak dhewe, ya kan, Bu?
Ibu                        :  Iya pancen bener.

            Kaliyan ati sing sedih, Bawang Putih mundhuti eri ulam niku. Bawang Putih nangis. Bawang putih mendhem eri ulam iku wonten ngajeng griyane. Sawise pirang-pirang dina wonten kembang ing panggone ulam mas iku dipendhem.
            Mbenjenge wonten Pangeran kerajaan kaliyan Pengawale lintang wonten ngajeng griyane Bawang Merah lan Bawang Putih lan mandhap datheng mriku.

Pengawal            :  Wonten napa Pangeran mandhap datheng mriki?
Pangeran            :  Iki lho kembange apik. Aku pingin wero sapa sing nandhur kembang iki.
Pengawal            :  Kula nuwun…
Ibu                        :  Bawang Putih, kowe ora usah metu. Ing njaba ana Pangeran.
Bawang Putih    :  Tapi, Bu… Kula kepingin ketemu kaliyan Pangeran?
Bawang Merah   :  Wis ta, kowe ora usah metu. Soale Pangeran mrene pasti bakal ngelamar aku.

            Wektu Ibu lan Bawang Merah medhal ngampiri Pangeran, Ibu lan Bawang Merah pura-pura apik kaliyan Pangeran.

Ibu                        :  Napa sing ndadosaken Pangeran datheng menyanggubuk reyot menika?
Pangeran            :  Kula badhe tanglet sinten sing nandhur kembang ayu niki?
Bawang Merah   :  Kula Pangeran, kula sing nandhur kembang niki.
Bawang Merah lan Bawang Putih (Barah lan Batih)/3
Pangeran                  :  Napa leres  panjenengan sing nandhur kembang niki?
Bawang Merah         :  Inggih, leres Pangeran kula sing nandhur kembang niki.
Pangeran                  :  Mboten! Panjenengan sedoyo ngapusi!
Pengawal                  :  Panjenengan jawab sing leres ta! Wani-wanine sampeyan ngapusi pengeran.
Ibu                              :  Mboten Pangeran, yuga kula mboten ngapusi.
Pangeran                  :  Pancen panjenengan sedoyo niki senenge ngapusi! Kula niki sebenere jelmaan ulam mas sakti sing sampeyan masak. Ten pundi Bawang Putih?
Pengawal                  :  Bu, nyuwun tulung, nggih jawab sing temen... Mengke Pangeran murka datheng sampeyan sedoyo lho.
Ibu                              :  Bawang Putih mboten wonten datheng mriki, Pangeran.
Pangeran                  :  Panjenengan sedoyo sampun ngapusi kula terus. Amarga panjenengan sedoyo sampun jahat kaliyan Bawang Putih, sampeyan sedoyo badhe kula kuthuk! Awak kaliyan bakal medhalaken sisik kaya ulam mas.
Ibu+Bawang Merah :  Ah… Ah… Ah… Nggak… Nggak…
Pangeran                  :  Pengawal, sampeyan tingali Bawang Putih. Asta dheweke datheng mriki, cepet!
Pengawal                  :  Inggih Pengeran.

            Pengawale pangeran mlebet ing griyane Bawang Putih badhe nggoleki bawang Putih.

Pengawal                  :  Bawang Putih panjenengan ditimbali Pangeran.
Bawang Putih          :  Wonten napa, Pengawal?
Pengawal                  :  Kula nggih mboten semerap. Ayo!
Pengawal                  :  Niki Pangeran?

Bawang Merah lan Bawang Putih (Barah lan Batih)/4

Pangeran         :  Bawang Putih, panjenengan purun datheng istana kula lan kula dadosake permaisuri kula?

Bawang Putih :  Ing..ing…inggih… Pangeran, kula purun.

            Akhire Bawang Putih sing apik atine dados permaisurine pangeran lan urip seneng ing kerajaan.


Peragane   :
»   Aan Fitri Ries Sutrisno (1)     : Narator
»   Catherina Imelda Hedrik (8)  : Bawang Putih
»   Fahmi Bartian (14)                  : Pengawal
»   Ismaya Fatmawati (20)           : Ibu Tiri
»   Karen Bayu Krisna (21)         : Pangeran
»   Machdalena Maleva (23)       : Bawang Merah

Kelas           : VII D












Bawang Merah lan Bawang Putih (Barah lan Batih)/5

Tidak ada komentar:

Posting Komentar